Monday, February 22, 2016

NASKAH PAKELIRAN PADAT - Pembelajaran Sederhana

DEWA RUCI









Keterangan : iringan sampak sl nem. Kayon dibedhol, lalu bratasena berhadapan dengan drona. Iringan suwuk, dilanjutkan ginem.

Ginem :

DRONA
Anakku ngger Bratasena. Ananing sampurnaning dumadi iku kudu den upadi kanthi anut mlebu metuning napas. Mula saka iku, golekana sing di arani kayu gung susuhing angin.
BRATASENA
Wa.... kayu gung susuhing angin mapaning ana ngendi Drona bapakku ?
DRONA
Mapane aneng Gunung Candramuka. Mula enggal unggahana ngger.
BRATASENA
Wa... iya ngestokake dhawuhmu Drona guruku

Keterangan : iringan sampak. Bratasena keluar. Dilanjutkan adengan Bratasena mlumpat. Iringan menjadi Lcr. Kandhang Bubrah Sl. myr. Bertemu dengan rukmuka dan rukmakala. Iringan suwuk dilanjutkan ada – ada, lalu ginem.

ADA – ADA SRAMBAHAN SL NEM
Bima wangwang kunta kombul,
Patang kethi kang syonggangkara,
Gadanira mobat mabit, o..
Mulat bang halingak – linguk,
Sumbar hanguwus lawan, o....

Ginem :

RUKMAKA
E .e .e . Ana manungsa kuma wani mlebu alas kang dadi sengkeraning buta.
RUKMAKALA
Wa. Ayo enggal di kemah – kemah daginge, di sesep balunge kang.
BRATASENA
Wa.... kowe buta sakloron ngaliyaaja dadi pepalangku. Aku ora arep ganggu gawe. Aku mung nggoleki kayu gung susuhing angin.
RUKMAKA
Wa, ngayawara. Aku rukmaka lan adhiku rukmakala salawase ana kene ora tau weruh sing aran kayu gung susuhing angin.
RUKMAKALA
Kowe manungsa kewanen. Sapa kang dadi aranmu hemb ..?
BRATASENA
Wa... satriya panegak pandhawa, Bratasena aranku. Ora gelem minggat dhak jangkah manjinga yomaniloka.
Keterangan : iringan srepeg sl nem. Adegan Bratasena perang dengan Rukmaka dan rukmakala. Kedua raksasa kalah, iringan menjadi sampak. Badar Bathara Endra dan Bayu menjadi ayakl sl nem. Lalu suwuk dilanjutka pathetan nem jugag, lalu  ginem.

PATHETAN NEM JUGAG
Hanjrah ingkang puspita rum,
Kasliring samirana mrik, o...
Sekar gadhung,
Ko – ngas, gandanya,
Maweh raras renaning driya.
o.., o.., o.., o...

Ginem :

ENDRA
Oum ilaheng sekareng bawana langgeng. Putuku ngger bratasena.
BRATASENA
Wa.., sapa kowe teka ngejawantah ana kene ?
ENDRA
Wruhanana ngger ulun Bathara Endra lan Bathara Bayu kang ngejawantah.
BRATASENA
Hem... Endra kakekku lan Bayu bapakku. Basaku wae katura.
ENDRA
Iya ngger dhak tampa.
BAYU
Iya ngger dhak tampa. Pangestu ulun wae diage tampanana.
ENDRA
Mangertiya ngger, lelakonira wus ulun temaha.  Kang sira upadi kang aran kayu gung susuhing angin, iku sejatining ora ana. Kang ana ya kuwi kasantosan budinira. Kang mahanani giliking tekad temah badar mrih sampurnaning lelakon iki. Mula saka bungahing ati ulun, iki tampanana pusaka kang awujud ali – ali kang aran mustika manik candrama. Tumuli anggonen ngger.( sampak, sirep )
BRATASENA
Wah. Banget panarimaku anggonku diparingi pusaka iki.
ENDRA
Wruhanana ngger,  daya katyiasane pusaka kuwi, jeneng sira ora bakal kelem ana ing warih.
BAYU
Yen mangkono ulun amung muji mring jayanira ngger. Muga antuka basuki.
ENDRA
Ulun kondur mang kayangan ngger.

Keterangan : sampak sl nem, endra dan bayu dientas. Iringan menjadi ayak ketika bratasena bertamu dengan drona. Sirep lalu ginem.


BRATASENA
Wa. Drona bapakku. Aku durung antuk karya, ananging aku malah bisa ketemu kelawan  bathara endra kakekku lan bathara bayu bapakku.
DRONA
Ow. Ngono ngger. Yen mangkono iku jeneng durung sampurna anggenira nuhoni kekarepanira.
BRATASENA
Wa.. banjur kepriye ? supaya aku oleh kasampurnaning urip.
DRONA
Mangkene, iki ana srana maneh. Upadinen banyu perwitasari kang mujudake banyu suci panguripaning manungsa. Sapa kang kadunungan banyu mau, ing kono dhewekke bisa ngrasakake urip kang sejati. Banjur mapane ana ngendi bapa drona?
DRONA
Mapane ana inmg segara minangkalbu. Dumunung ing sakidule alas mrentani.
BRATASENA
Wa. Yen mangkono aku njaluk pamit. Yenta aku ora bisa bali, iki munangka sembahku kang pungkasan bapa.
DRONA
Ow. Aja nglokro ngger. Den tetepi ancas sekawit, kandelana kapitayanira. Pamujinipun bapa tansah banyu mili ngger.

Keterangan : Iringan sampak nem, bratasena berangkat. Adegan segara. Lalu ada – ada, dilanjut pocapan. Wrekodara mlumpat manyura.

Manganjur lakuning angin,
Guntur angraning arga.



POCAPAN
          Lah ing kanata wau, Raden Bratasena wus prapta gisiking samodra. Genge sedya kapambengi dening segara jembar kang tanpa wates. Satemah ngadeg njegreg datan mobah datan mosik yayah tugu waja sinungkarta. Geter kang sarira, miris njroning ati, dupi mulad ombak kang nggulung – nggulung mecah ing watu karang, gumuruh swaraning alun mimbuhi girising tekad.
          Satemah tidha – tidha jroning ati, anane amung rasa wedi kang mambengi. Nanging dumadakan saka pamantheng ing cipta, panggemblenging ati weh santosaning budi, amung Gusti kang esthi, sumarah marang purbaning Hyang Akarya Jagad, kanthi nuhoni tekad suci, gya hambyur jroning segara, gumuruh swarane kaya guruh mangsa rendheng.
Keterangan : werkodara njegur segara, bertamu dengan naga taksaka. Lalu naga dipothol. Menjadi dewa ruci. Iringan menjadi ayak manyura. Disirep, Lalu ginem.

BRATASENA
Hem... aku wis mati apa durung. Hem... bapa pandu aku pathuken.
DEWA RUCI
Aum ilaheng sekareng bawana langgeng. Ngger , bratasena.                                  ( bratasena ndegeg )
BRATASENA
Kowe sapa? Wujudanmu mung sakepel.
DEWA RUCI
Lungguha kang prayoga. Bakal ulun jarwani.
BRATASENA
Geneya aku kudu manut marang ucapmu. Lan apa kowe ngerti marang sejatiku?

DEWA RUCI
Aja ta kok mung sejatinira, sakdurunge purwaning dumadi, ulun wus nyurubi. Lan pamriha kowe dumadi ana ing donya nganti mbesuk aneng ngendi parane, ulun wus nyurubi. Sira iku atmaja narendra astina Prabu Pandudewanata.  Tekamu ana kene karana paekane gurunira begawan Drona. ( sampak menjadi ayak sl myr. )

BRATASENA
Adhuh pukulun. Kula bratasena nyuwun gunging pangaksama. Paduka sinten? Kula nyuwun paduka jarwani.
DEWA RUCI
Ulun wewisik dewa ruci. Dene lamunta jeneng sira kepingin nyumurubi ghelaring ulun lan jenegkita pribadi, tumuli manjinga karna ulun kang sisih kering.
BRATASENA
hem.. punapa saged pukulun ? bebasan gajah tunggal sajiwa kaliyan semut.
DEWA RUCI
Kapitayan kang gedhe, yenta diesthi kanthi tumemen, bakal bisa ngukut jagad saisine.
BRATASENA
Hem.. nggih ngestokaken dhawuh.
( sampak medal dadi wrekodara. Lalu dewa ruci menjadi satu dengan wrekodara. Semar datang.)

SEMAR
Heh. Ampun kerem lan kapilut dening swasana gus. Mangga enggal jugar.( sampak perang kurawa)

DURYUDANA

Endi, bapa drona dhak jaluk. Bapa drona duwekku.( sampak . kurawa habis. Wrekodara menggendhong drona. Dan tancep kayon.)DEWA RUCI







No comments:

Post a Comment